Lirik Lagu Arya Galih - Saksi Jayengrana

Saksi Jayengrana - Arya Galih Lyrics

Kidunging katresnan
Wanci raditya sare ing pertapane
Kaya dene riris
Senja kang ngusada tresna

Kuthane pahlawan
Ing surabaya nulis sewu kenang
Tak sampekke kangenku
Lewat nada ing laguku

Duh wong manis
Tresnaku kepati,tinali ing ati
Tan bisa den selaki
Slagamu ngrerujit ati

Reff
Kembanging wong kang kasmaran
Lara branta jroning dada kang tan atuk tamba
Wus kapang sajroning nala
Marang sira dyah sulistya

Wanci gemerlape lintang
Ing pendapa jayengrana
Nggonku mapak tresna
Nanging apa seng tak tampa
Koe nglarani atiku

Nadyan aku mbok larani
Nadyan aku mbok cidrani
Tresnku suci
Muga koe bagya mulya
Nadyan ora karo aku